Rabu, 28 Desember 2011

Edan

Muda-mudi zaman edan
Isuk awan bengi onone mung podo dolan
Lanangan nggowo wedoan
Wedoan nggowo lanangan
Ngalor ngidul ngetan ngulon gandhengan tangan
Neng panggon sepi dikonconi setan
Setan ketemu setan dadi kesetanan
Nek wis kesetanan dadi ketagihan
Pancen zaman wis edan
Neng kos-kosan podo jaran-jaranan
Neng kontrakan podo ngos-ngosan
Neng lapangan nggelar koran podo bal-balan
Akeh perawan duwe momongan
Akeh perawan nggugurke kandungan
Akeh perawan kanggo bancaan
Edan...
Zaman wis edan
Sing edan tambah edan
Sing ora edan malah ngedan
Edan...
Zaman wis edan
Nek arep slamet ayo podo elingo maring Pangeran!